Percakapan Bahasa Jawa

Standard

Ing dina setu sore Ijah lan Inem Lung ing griyanipun Mbah Darmo. Krungu- Krungu Jaka Kena musibah ing prapatan Banyumeneng. Inem lan Ijah arep nyuwun pirsa marang simbahe Jaka sebab- sebabe lan kahanane kancane mau.

Ijah lan Inem : Assalamualaikum, simbah… oh simbah…

Mbah Darmo : Wa’alaikumsalam. Ayo mlebu, lungguh

Ijah : Matur nuwun

Mbah Darmo : Ono opo iki kok tumben sowan simbah?

Inem : Anu Mbah, menapa leres Jaka teng Griya Sakit?

Mbah Darmo : Iya bener nem, saiki lagi dirawat ing R.S Murangan, Tabrakan.

Ijah : Anggenipun Tabrakan kapan nggih mbah?

Wingi soenipun kula tasih kepanggihan kalih Jaka teng Lapangan ngablak

Mbah Darmo : Ya pancen bener, sorene Jaka Bal-balan kalo kancane.

Nah, kecelakaane mau esuk.

Inem : Tabrakan kalian menpa mbah?

Mbah Darmo : Tabrakan karo pit motor nem

Ijah : Wah kok kados mekaten mbah

Ingkang klentu sinten?

Mbah Darmo : Sing salah ya Jaka, dheweke ora nduwe SIM, ora nggo helm

Lan ora ngajeni wong liya kang padha- padha nggunakake dalan mau

Inem : Lha nggih mbah, kula nggih gumun sebab Jaka menika taksih SMP

Kok menawi sekolah sok nggawa pit motor.

Langkung- langkung sok boncengan cah telu. Cekak aos menika cenglu mbah

Mbah Darmo : Lha kuwi kang dadi rerasane wong akeh

Kok bisa- bisane bapake kuwi ngidini Jaka nggawa pit motor.

Laky o nek wiz ngeneki dadi repot tha?

Mula aku wis wanti- wanti marang kowe cah ayu, ora usah numpak motor dhisik

Yen during wektune

Ijah : Lha nanging rencang- rencang kula sampun saged sedaya mbah, iya ta nem?

Inem : Inggih mbah, naming kula lan Ijah ingkang boten saged

Mbah Darmo : Ya sing sabar nak, sesuk yen wis lulus sekolah bisa latian

Numpak pit motor kuwu ora gampang…

Jalaran kowe kudu duwe kaluwesan marang pagawean

Ijah : Wah wonten hubunganipun tha mbah?

Mbah Darmo : Wonten jah, yen numpak pit motor ora duwe kaluwesan mau

Ya hasile grusa- grusu lan cerobo

Mula kaluwesan kuwi kudu di gladhi ning omah

Kayata, nyapu, ngepel, ngumbai klambi lan piring

Inem : Oh ngeten…

Rama kula pernah maringi piweling mbah

Yen gadah motor iku boten naming saged ngagem tapi uga dirumat kanthi becik

Mbah Darmo : Nha bener kuwi ramamu,

Nglatih kaluwesan iku kuncine naming gelem mangerteni panggonan sisih kiwa

Tengene awakmu

Ijah : Ohh, ngih mbah matur nuwun. Lajeng kados pundi kawontenanipun Jaka mbah?

Parah menapa mboten?

Mbah Darmo : Ora kok, raine mung beset- beset

Nanging malah sing ditabrak rada parah, sikile patah

Inem : Wah kula lan Ijah kepingin tuwi mbah.

Menawi kepareng kula badhe sareng kanca- kanca mbah

Mbah Darmo : Oh ya kuwi becik. Numpak apa kowe nak?

Ijah : Badhe gowes sareng kanca kelas mbah

Mbah Darmo : Gowes kuwi kendaraan anyar tha?

Inem : Gowes kowes iku basane bocah- bocah sakniki…numpak pit mbah…

Mbah Darmo : pit motor?

Ijah : onthel mbah (mesem)

Mbah Darmo : owalah pit onthel tha…

Yaa kuwi luwih becik, malah gawe awa sehat

inem : Inggih mbah, badhe pamit rumiyin (salim)

Mbah darmo : Monggo- monggo

Ijah lan inem : Assalamu’alaikumm

Mbah Darmo : Wa’alaikumsalam

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s